Penyakit Menular Seksual sing positif bisa nyebabake pengalaman sing emosional banget. Penting kanggo kawruhan menawa sajrone sampeyan positif, sampeyan kudu njaga awake kowe dhewe sacara fisik lan emosional.
Salah sawijining cara kanggo njaga Sampeyan yaiku kanthi ngobrol karo wong sing ndhukung sampeyan. Nggoleki wong sing dipercaya ing uripe Sampeyan. Uwong sing bisa meruhi status sampeyan bisa mbantu sampeyan nalika rumangsa kesepen.
Padha kaya Sampeyan sing bisa ngendhalekne kawarasan sakwise asil tes positif, Sampeyan uga bisa nguatake partner sing kepungkur kanthi ngandhani yen pasangane Sampeyan bokmenawa uga wis kena penyakit menular seksual. Kanthi ngandhani marang partner sing kepungkur yen Sampeyan positif, Sampeyan bisa njaluk partnere Sampeyan kanggo nglakoke tes secepete.
Ora ana sak cara kanggo ngandhani partnere Sampeyan menawa dekne butuh ditest utawa dirawat. Sampeyan bisa nglakoke kontak langsung karo partner sing kepungkur kanthi nelpon utawa nulis pesan liwat Grindr, utawa ngomongi dekne kabeh sacara langsung. Ing sawetara kasus perkara iki isin banget kanggo ngandhani partner yen Sampeyan positif, lan iki uga ora aman. Yen kuwi masalahe, Sampeyan bisa nggunake "Partner notification service" utawa "Layanan pemberitahuan mitra" neng Departemen Kesehatan lokal utawa situs "Building Healthy Online Communities" sepanggonan. Kepriye ngandhani kahanan Sampeyan marang partner, hal kuwi nyakarep marang Sampeyan