Ana akeh sebab kenapa Sampeyan mbutuhake alternatif boneka seks, pelumas, utawa cara-cara liyane. Sampeyan mbokmenawa ora ana jalur sing gampang kanggo mbisakne barang-barang kasebut, Sampeyan mbokmenawa urip karo kulawarga utawa Sampeyan manggon ing wilayah sing Sampeyan angel nemokake utawa mbisakne, utawa Sampeyan bokmenawa sawong trans lan ora bisa nemoake cara sing cocok kanggo awake Sampeyan lan jenis-jenis seks sing Sampeyan alami.
Apa wae kahanane Sampeyan, mesthi gunakake barang-barang kasebut kanggo tujuan sing dimaksud. Cara paling efektif yaiku nggunakake kondom. Kanthi tembung liya, ana cara alternatif sing aman yen sampeyan nggunakake kanthi bener.
Alternatif kanggo nggunakake boneka seks
Ana sawetara kemungkinan kanggo golek boneka seks ing omah. Yen Sampeyan nggunakake dildo utawa boneka sing nduwe bentuk peli, "cock ring" utawa cincin sing digunakake ing peli, utawa barang liyane, penting kanggo sampeyan ngerti kepiye nyegah rasa nyeri ing peli nalika Sampeyan nggunakake.
Yen Sampeyan nggunakake dildo, pitaya ke ditutupi kanggo kondom kanggo nyegah infeksi. Gagang sikat rambut lan sayuran klebu sing paling populer lan kasedhiya. Sayuran ora duwe permukaan sing sakabahe lembut, dadine bisa nggawe bolongan cilik ing kondom sing bisa nyebabake infeksi bakteri. Saben dildo sing Sampeyan gunakake minangka seks anal kudu duweni dasar sing jembar kanggo nyegah kesangkut ing awake Sampeyan.
Kanggo sawetara barang sing digunakake dadi vibrator, kayata sikat listrik utawa ponsele Sampeyan, penting kanggo kawruhan apa dekne kabeh anti banyu. Gunakake kondom kanggo barang-barang kasebut lan mung gunakake kanggo ngrangsang wilayah ing njaba awake Sampeyan.
"Cock ring" uga bisa Sampeyan gawe gawe saka barang-barang sing wis ana. Sampeyan bisa njupuk ali-ali plastik saka kondom sing Sampeyan gunakake. "Cock ring" kudune mung digunakake kanggo wektu sing cendhak lan kudu digawe saka bahan fleksibel lan bisa dicopot kanthi gampang sanajan Sampeyan ereksi. Yen Sampeyan ora bisa ngucule, cepet golek bantuan medis.
Barang-barang kayata bantal lan kaos kaki bisa Sampeyan gunakake dadi alat masturbasi, jepitan sandhangan bisa Sampeyan gunakake kanggo njepit penthile Sampeyan, spatula utawa sendhok kayu bisa digunakake dadi alat "Bondage" utawa dolanan seks ing kasar lan karo dadugan. Kanthi kabeh boneka seks alternatif kasebut, waspadanana samubarang resiko sing bakal kedadean lan lakoke pencegahan kanggo nyuda.
Perkara sing Sampeyan lakoni karo boneka seks alternatif kasebut yaiku: aja nglebokake obyek sing landhep utawa listrik ing jero awak; tutupi kabeh barang nganggo kondom; lan aja nganggo barang sing bisa pecah ing jero awake Sampeyan.
Panggunaan Lubrikan utawa pelicin minangka alternatif
Pelicin minangka bagean penting kanggo seks kanggo ningkatake kenyamanan lan ngurangi resiko nularake penyakit seksual. Yen ora duwe, isih akeh cara alternatif. Ngidu bisa digunakake dadi panggenti lubrikan. Refinery29 duwe dhaptar lubrikan alternatif sing apik ing kene.
Yen Sampeyan nggunakake kondom kanggo nyegah penyakit menular seksual utawa kehamilan, pelicin Sampeyan sakudune ora ngandung lenga. Minyak bisa ngrusak kondom lan ndadekake ora efektif.
Kanggo informasi luwih lengkap babagan lubrikan alternatif, monggo deleng Center for Sexual Pleasure & Health's Guide to Lube neng kene.
Alternatif cara penghalang liyane
Nggoleki alternatif utawa cara liya kanggo metode pangalang, umpamame nganggo kondom utawa "Dental dams" utawa bendungan kanggo untu, angel banget. Ana sawetara cara penghalang sing kudune Sampeyan coba nalika Sampeyan ora nduweni kondom utawa "Dental dams".
Barang-barang kaya tas plastik lan bungkus plastik sakudune ora Sampeyan gunakake dadi kondom kanggo nglakoke penetrasi. Tujuan saka kondom yaiku njaga cairan seksual tetap ana ing njero. Nyoba nggawe kondom "roll-on" saka barang-barang kasebut dudu cara sing efektif kanggo nyegah penyakit menular seksual utawa kehamilan.
Nanging, Sampeyan bisa madhakne kondom "roll-on", sarung tangan nggunakake latek, utawa bungkus plastik sing "non-microwavable" kanggo nggawe bendungan untu sing digunakne kanggo menutupi dubur utawa vagina sajrone seks oral. Kengertenana menawa panggunan bungkus plastik nduweni kemungkinan nyebabake bahaya keselak.
Barang-barang kesebut ora dipangarahake kanggo digunakne dadi kondom lan ora oleh diandelake kanggo nyegah penyakit menular seksual utawa kehamilan.
Yen Sampeyan duwe pitakonan babagan nggunakake boneka seks, pelicin, utawa cara liyane, sampeyan bisa hubungi pendidik kesehatan ing Planc Parenthood ing kene.